• Facebook
  • Google+
  • Instagram
  • Youtube

Jumat, 17 Februari 2012

Goro-Goro Punakawan lan Surtikanthi






    Sore kui Petruk lan Bagong mulih sekolah lan mampir leren ing warung bakso "Yu Surtikanthi"

Petruk         :"Leren sipek Gong ayo jajan....!"
Bagong       :" Siap...! aku jak ket mau uwes ngelih..."
Petruk         :"Kapan koe ki lera ngelih......"
Surtikanthi  :"Koe ki sido do jajan ora to le.....!"
Bagong        :"Hla yo sido to Yu..,Aku pesen bakso..."
Petruk          :"Aku yo ho'o Yu...!"
Surtikanthi   :"Hla rak yo ngonow, ora mung do pradul wae..."
     Ora let sue Yu Surtikanthi uwes dadi le ngracik bakso lan banjur di pasrahake Bagong lan Petruk.
Surtikanthi   :"Mangga..."
Petruk          :"Nggih-nggih..."
Bagong        :"Yo Yu..matur suwun.."
Petruk          :"Wah jan enak tenan yo Gong baksone..."
Bagong        :"Ho'o yo...rasane pengen imbuh terus..."
Petruk          :"Duwitmu ki pirow Gong-Gong, sekolah sangoni sewu we kotor kok arep imbuh..."
Bagong        :"O....iyo..yo...,ngamong-ngomong pun suwe Yu jenengan nyade bakso ten riki...?"
Surtikanthi   :"Yo..uwes.."
Petruk          :"Hla wes pirang tahun Yu le bakul neng kene."
Surtikanthi   :"Ow...lagi mau esuk..."
Petruk           :"Hla dallah...gene lagi m,au esuk le dasar..."
         Wes sak untoro wektu Bagong lan Petruk jajan, lan sebanjure podo mbayar dhumateng Surtikanthi, nanging ujug-ujug Gareng teko...!
Surtikanthi   :"Eneng opo iki...eneng opo iki...teko-teko kok banjur muni-muni.."
Gareng         :"Kowe gawe bakso tok kek'i opow...? Kok wetengku mau esuk bar mangan langsung loro..."
Surtikanthi    :"Waduh..yo nyuwun pangapura...bakso nggonaku tak awetke nganggo FORMALIN.."
Petruk           :"Ee..hla dallah..semprul koe..! Hla wong kui obat dinggo ngawetke Malin Kundang kok tok dekek gon bakso.."
Bagong         :"Hla kok iso truk..?"
Petruk           :"Wo hla bocah ki rung tamat SD iki, FORMALIN ki basa manca yaiku FORMALIN=UNTUK MALIN utawa dinggo Malin.."
Bagong         :"Ow...nganow, sok neh nek ngawetke ora usah di FORMALIN Sur..Sur..,suk titipke neng wetengku wae rak awet dadi daging tur jelas ketero wujude....."
Gareng          :"Wo..hla bocah ki soyo kurang...."
Surtikanthi    :"Nggih-nggih kula nyuwun pangapura..."
Gareng          :"Sesok meneh nek gawe bakso ora nganggo FORMALIN utawa BORAKS..!"
Bagong          :"Opow...borok...bakso kok borokken,kepiye jek Reng..."
Petruk            :"BORAKS Gong udu borok..."
Gareng           :"Sok neh nganti kedenangan nganggo kongono meneh tak laporke Polisi koe,nek bakul ki yo sing jujur,nek ngonow kui bathi donyo rugi akhirat,nek koe le bakul jujur lan ora ngrugekke pelanggan,koe ora mung bathi donyo neng yo bathi akhirat..."
Surtikanthi      :"Nggih-nggih kul;a nyuwun agunging pangeksami..."
        Sebanjure kadadean mau Petruk,Gareng,lan Bagong langsung budal bali neng ngomahe sesarengan.

0 komentar:

Posting Komentar

Contact

Get in touch with me


Adress/Street

Gluntung,Patuk,Patuk,Gunungkidul, Yogyakarta.

Phone number

+(62) 87 738 003 167

Blog

sugengmirsani.blogspot.com