• Facebook
  • Google+
  • Instagram
  • Youtube

Senin, 20 Februari 2012

Tanggap Wacana Mapag Warsa Enggal 2012

Assalamu'alaikum wr.wb

     Kawula nuwun, Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang satuhu kinurmatan. Kadang mudha-mudhi ingkang tansah kula tresnani. Matur nuwun sange dhumateng juru pranata wicara ingkang sampun maringi wekdal dhumateng kula, supados nyaosi sambutan ing malem pengetan Mapag Warsa Enggal 1 Januari 2012.
     Saderengipun mangga kula lan panjenengan sami ngaturaken puja-puji dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring taufiq saha hidayah, katitik kula panjenengan sami saged makempal wonten ing papan punika.
     Kula ngaturaken sugeng warsa enggal 1 Januari 2012 wanci jam 00.00, mangke kita sampun nilaraken tahun 2011 tumuju tahun 2012.
     Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Kanthi gantosing tahun enggal ateges umur kula panjenengan sami tambah satunggal tahun, semanten ugi gunggunging umur ingkang sampun dipun wewaleraken dening Gusti Allah Swt. sampun kirang setunggal tahun.
     Salebeting setunggal tahun, kula panjenengan sami sampun nindakaken sadayaning tumindak ingkang sampun mboten saged kula panjenengan sami ewahi malih, sagedipun namung metani. Pundi tumindak ingkang sae lan pundi tumindak ingkeng awon. Kathi mawas dhiri sadaya tumindak punika kita saged nemtokaken, pundi tumindak wajib kula panjenengan sami tinuladha, lan pundhi tumindak ingkang kedah dipun tilaraken.
      Pengalaman lan kedadosan-kedadosan ingkang satunggal tahun kita tindakaken saged kapethik, lan tumindak ingkang utami kangge ningkataken pengabdian, saha tandang tandang tanduk ingkang ing bebrayan saha pinuji ing Pangeran.
       Bapak-bapak, Ibu-ibu saha para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Mbok bilih anggen kula sesrawungan kaliyan panjenengan sami kathah klenta-klentunipun. Awit kula namung titah sawantah ingkang mboten kantun nyandang kalepatan, kula namung saged nyuwun samodra pangaksami ingkang tanpa pepindhan.
       Pungkasaning atur, mangga-mangga sami nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, mugi-mugi ing warsa ingkang badhe dhateng panjenegan sadaya dalah kula tansah pikantuk taufiq lan hidayah, santosa lahir batin.

Akhirulkalam wa billahi taufiq wal hisayah,
Wassalamu'alaikum wr.wb !

0 komentar:

Posting Komentar

Contact

Get in touch with me


Adress/Street

Gluntung,Patuk,Patuk,Gunungkidul, Yogyakarta.

Phone number

+(62) 87 738 003 167

Blog

sugengmirsani.blogspot.com