• Facebook
  • Google+
  • Instagram
  • Youtube

Jumat, 24 Februari 2012

KUMBAKARNA

   
    Kumbakarna iku putrane Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi sing nomer loro. Sedulure ana 3 yaiku : Sing barep Rahwana/Dasamuka, nomer loro Kumbakarna,Sarpa Kenaka wujud buta wadon sing ragil Gunawan Wibisana satriya sing bagus. Nalika lahir Kumbakarna wujude nggegirisi,  bayi sing wujude gedhe banget, kupinge gedhe amba kaya kwali (kumba), mula banjur di jenengi Kumbakarna sing tegese kuping kaya kwali.
     Amarga buta Kumbakarna gelem mangan manungsa. Supaya bisa ngilangake pakulinan ala mangan manungsa, dening eyange Begawan Sumali. Kumbakarna didhawuhi tapa suwene 50 taun, pangane mung banyu lan embun.
     Sawise 50 taun tapa, Bethara Guru paring kanugrahan bakal ngabulake kabeh panyuwune Kumbakarna, syarate panyuwun iku kudu sing becik, ora gawe cilakaning liyan.Kumbakarna duwe panyuwun supaya bisa nyuwara banter kaya gludug, lan netrane sumorot kaya cahyaning surya. Panyuwune di kabulke, malah dening Bethara Guru, Kumbakarna isih di paringi aji-aji werna 3 yaiku Aji Gelap Sakethi, dayane bisa nyuwara sing gawe giris atine mungsuh, Aji Gedhong Menga njalari kuwat mangan lan ngombe sing akeh banget, saengga awake kuwat sentosa. Aji Cirakalasupta, dayane bisa turu nganti 1000 tahun tanpa nglilir.
      Nalika ana perang antarane Dasamuka raja Ngalengka lan Rama, Kumbakarna tansah ngelingake supaya Sinta sing di colong Dasamuka di balekake marang garwane yaiku Rama. Nanging Dasamuka malah nesu lan ngala-ala Kumbakarna. Sarehne gela, atine, Kumbakarna banjur trima bali ing kasatriyane yaiku Pangleburgangsa, mateg aji Cirakalasupta mula dadi turu kepati.
     Sawise perang suwe, akeh senapati Ngalengka kang gugur. Ngalengka kurang senapati Kumbakarna di gugah supaya maju perang dadi senapati. Digugah nganggo swara ora bisa, di tumbak, di pedahang, di panah, ora tedhas senjata apa wae. Bareng di cepaki pangan sing enak-enak sing isih kebul-kebul, ambune nikmat, lan di jabut wulu cumbune (wulu ing jempol sikil) Kumbakarna lagi gelem tangi.
      Senajan ora gelem maju perang nanging di peksa dening Dasamuka lan dikdawa dadi manungsa sing ora ngerti males kebecikan. Jalaran wis kepenak urip ing Ngalengka, geneya Ngalengka di rusak mungsuh kok mung meneng wae. Sanalika Kumbakarna muntab atine. Banjur nganggo sandhangan sing sarwa putih maju perang. Ora bela Dasamuka nanging bela nuhoni anggone dadi satriya. Wekasane Kumbakarna gugur kataman Panah Guwawijaya senjatane Prabu Rama, tiwas ana ing peperangan nglungguhi kasatriyane, dadi satriya sing tansah bela negara.

                                                      (Jatirahayu, Mutyara Rinonce Hlm 129)

0 komentar:

Posting Komentar

Contact

Get in touch with me


Adress/Street

Gluntung,Patuk,Patuk,Gunungkidul, Yogyakarta.

Phone number

+(62) 87 738 003 167

Blog

sugengmirsani.blogspot.com