• Facebook
  • Google+
  • Instagram
  • Youtube

Kamis, 02 Mei 2013

KASUSASTRAN (paribasan,bebasan,saloka)

1.Adhang-adhang tetesing embun
  -Njagakake barang mung saolehe wae
2.Adigang adigung adiguna
   -Wong sing ngendelake kekuwatan,keluhuran lan kapinteran
3.Aji godhong garing
  -Barang kang ora duwe aji babar blas
4.Ana catur mungkur
  -Ora gelem ngrungokake rerasan sing ora becik
5.Ana dhaulate ora ana begjane
  -Wes arep nemu kabegjan nanging ora sida
6.Ana gula ana semut
  -Panggonan sing ngrejekeni mesthi akeh sing nekani
7.Anak polah bapa kepradah
  -Wong tuwa nemu reribet amarga saka polahe anak
8.Ancik-ancik pucuking eri
  -Wong kang tansah sumelang yen keluputan
9.Anggenthong umas
  -Wong kang ora bisa nyimpen wewadi
10.Anggutuk lor kena kidul
  -Ngangkah marang sawijineng wong katibakake marang wong liya
11.Angon mangsa
  -Golek wektu kang prayoga kanggo tumindak
12.Angon ulat ngumbar tangan
  -Nyawang kahanan arep nglimpe
13.Arep jamure emoh watange
  -Gelem kepanake ora gelem rekasane
14.Asu arebut balung
  -Padu rebutan barang sepele
15.Asu belang kalung wang
  -Wong asor nanging sugih
16.Asu gedhe menang kerahe
  -Wong sing gedhe pangkate mesthi luwih gedhe panguwasane
17.Asu marani gebuk
  -Njarak marani bebaya
18.Ati bengkong oleh oncong
  -Duwe niat ala oleh dalan
19.Baladewa ilang gapite
  -Ilang kaluhurane/ kakuwatane
20.Banyu pinerang ora bakal pedhot
  -Pasulayane sedulur mesthi enggal pulihe, ora bakal medhotake paseduluran

0 komentar:

Posting Komentar

Contact

Get in touch with me


Adress/Street

Gluntung,Patuk,Patuk,Gunungkidul, Yogyakarta.

Phone number

+(62) 87 738 003 167

Blog

sugengmirsani.blogspot.com